Alaming Lelembut

KEDADEYAN iki dakalami dhewe watara rong puluh taunan kepungkur, taune 1982. Kanggoku prastawa kuwi gawe miris lan gila, yen basa kerene bisa disebut “mencekam”. Nganti sak umurku iki nembe kaping pindho aku ditemoni bangsane memedi kaya kuwi. Sepisan biyen nalika aku isih cilik, isih SR. Lan sing kaping pindho ya prastawa kuwi. Yen aku liwat papan kono kuwi, embuh esuk awan apamaneh wengi tansah kelingan cetha. Rasane kepengin ketemu maneh … nanging kok luwih becik ora bae, timbang dadi memala.
Taun 1982, taun kejayaan lan keemasan tumrapku. Aku dadi pengusaha percetakan sing lagi ‘naik daun’. Usaha sing dakrintis saka nol. Miwiti saka buruh nukang nggambar ing percetakan, nyablon, ajar golek pelanggan. Bribik-bribik dadi tukang sablon madeg dhewe. Mbaka sapecak kredit mesin cetak colik-cilikan, nganti tekane ngrembaka. Kabeh kuwi uga saka pambiyantu wudele sisihanku. Anak-anakku sing isih cilik, dadi pamecut anggonku kepengin nggayuh kamjuan. Sing biyene aku mung engklek mlaku adus kringet, yen lagi golek gaweyan. Saiki aku wis ora kudanan kepanasen maneh. Sedhan Toyota Corolla DX kanggo keluarga, lan Toyota pick up kanggo angkutan barang cetakan, loro-lorone gres.
Dina kuwi aku kudu ngeterake cetakan buku~buku saka penerbit ing kutha Sala. Sing biasane aku mung ngomandho adhiku ipe lan sopir kanggo ngirim, dina kuwi rasane aku kok kepengin mangkat dhewe. Saliyane silaturahmi marang pelanggan, ngiras ngirus ngumbah mata nlusuri Solo diwaktu malam. Panguripan wengi kutha Sala sing nyengsemake. Mesthine ya mangkat ijenan tanpa rowang, dadi ora bakal ana sing ngregoni Pak-pakan barang cetakan wis tumata ing bak pick up ing mburi, rapi dikrukup deklit. Pamitku marang kulawarga bakal bali senajan lingsir wengi, yen ora ana alangan. Nanging kuwi mung samudana.
“Kok kadingaren nindaki piyambak, biasane rak adhine nika … sajake ana acara khusus, yen bosse dhewe sing nandangi,” pangandikane pak Salim juragan lan penerbit buku beken ing kutha Sala. Ya salah sijine pelanggan setia sing nyetak buku-buku terbitane ing panggonanku. Aku mung bisa mesem, rumangsa ketutul persis sing dadi angen-angenku.
“Akeh muka-muka baru lho … cekake ora bakal nguciwani. Nanging yakuwi ana rega ana rupa.” Kaya biasane aku wis kayadene dianggep sedulur ing ndalem kono, mula tangkebe kulawarga wis ora kaya wong liya. Ngobrol ngalor ngidul, sakwise ngrampungake urusan “bisnis”. Kejaba bayaran tunai, giro lan chek wis dakkanthongi, ketambahan order anyar sing kudu enggal dakrampungake. Ora krasa pandom wis ngancik jam sepuluh kliwat, wancine nyuwun pamit.
“Lho … ora nyare kene ta. Tapi ya luwih kepenak kaya biasane dhing … Ya wis selamat menikmati Solo di waktu malam”, gojege pak Salim, ngeterake aku nganti lawang regol.
Playune pick up dakgawe alon-alonan, nggleser nurut dalan Slamet Riyadi, nganti tekan gapura Gladag. Pikiranku mangu-mangu, Hotel Cakra lan sawetara hotel liyane. Papan-papan palereman yen aku ijenan, utawa karo sisihanku yen dolan Sala, kliwatan mbaka siji. Papan ngenggar-ngenggar ati liyane rasane kok ora narik. Klebu pangawene ‘gadis modis’ sing umume ndudut ati lanang. Atiku dadi tidha-tidha. Nginep hotel lan golek ‘kemul’ pilihan ing Sala, apa wengi iki uga bali menyang Semarang. Lagu-lagu kroconge Hetty Koes Endang saka tape mobil malah nambahi rasa nglangut. Pick up dakparkir ing warung lesehan pinggir dalan Slamet Riyadi.
“Waah jian danyange kreteg Tuntang kuwi njelehi tenan kok … wis uluk salam diklakson barang lho, isih nggodha bae … untunge ora nyungsep mlebu kali …” koyahe salah sijine sing lagi padha mangan pincukan sega liwet.
“Lha … njur sidane priye?” pitakone kancane karo nyruput teh angete. Dheweke banjur kojah crita, nalika mobil boks sing disetiri keblusuk nyasak warung pinggir kali Tuntang Rawa Pening. Saka rumangsane dheweke dicegat wong wadon ayu sing arep nunut. Nanging dheweke kelingan yen papan kuwi wingit, mula mung nglakson lan bablas. Wusanane malah dadi layatan. Kancane uga ora gelem kalah, nyritakake lelakone kancane maneh, nalika direridhu “Peri Kebon Kopi Assinan”. Dinunuti munggah saka kreteg Tuntang, lan nyungsep mlebu kebon kopi. Mobile kepeksa diderek.
Aku mung nggleges ngrungokake crita-crita misteri sing sok didramatisir, senajan atiku dhewe ya ana rasa percaya yem alam kuwi pancen ana. Nanging keyakinanku, yen aku ora nyalahi, ora bakal direridhu bangsaning lelembut kaya mangkono. Crita ing warung lesehan kuwi tumbu oleh tutup. Mbakyu sing dodol sega liwet kuwi uga melu nrambul. Crita lelakone nalika dodolan diganggu wewe. Bola-bali sega liwete mambu durung wancine. Nyatane bareng digolekake wong pinter, dheweke wewe sing manggon dhapuran pring sebelah pawone. Ndelengi aku sajak ora ngrewes crita-crita tamu langganane kuwi, sajake dheweke penasaran. Takon marang aku:
“Mase daleme pundi?” “Kula saking Semarang mbak, niki mangke nggih badhe wangsul mrika,” sumaurku. “Lhah sing ngatos-atos yen dumugi bon kopi Assinan Bawen niku … niki malem Jum’at lho mas.”
“Yen malem Jum’at njur badhe napa?” sumaurku glopa-glape mbeda mbakyune sega liwet sing manis padhet kuwi. Wah mata lanang iki pancen ora kena ndeleng bathuk klimis tenan.
“Eee sida dinunuti peri Assinan tenan, kedrawasan lho!”. Sing jajan liyane ngegongi gunem.
“Nggih ngatos-atos mas … niki malem jum’at kliwon lho!”
“Aaah nek dinunuti peri ayu kaya bakule niki nggih mangga mawon,” sumaurku alon dakangkah sing krungu mung mbakyune sega liwet kuwi. “Mpun nyare Sala mawon mas, kondur mbenjang enjang mawon, aman.” Tembunge mbakyu sega liwet kuwi uga alon. Atiku gronjalan, pancinganku ngenani.

“Nyare teng pundi, wong mboten nduwe tepangan teng ngriki. Nyipeng nyare kalih mbake napa?” Pitakonku sembrana parikena, karo ngiyerake mripatku sesisih. Saka sorot lampu petromax sing dikrodhongi kuwi, katon raine rada mbrabak. “Aaah mase napa kersa …” jawabe alus cat keprungu cat ora. Cees … atiku kaya kesiram banyu windu. Nunggu kukute warung mengko, sida ngilangi hawa adhem, mecaki swarga kutha Sala tenan.
Nanging atiku goreh. Kaya ana daya tarik aku kudu bali menyang Semarang bengi iku uga, senajan tekane parak esuk. Kanthi kagol aku mbayar lan ninggali kartu nama. Mbisiki nyemayani sakcepete aku bakal nemoni dheweke, bakul sega liwet ayu manis dalan Slamet Riyadi. Dheweke mesem lan ngremet tanganku.
“Tenan lho mas … janji njenengan dakanti.” Toyota Kijang Pick up dakgelak ngulon ngarah Kartasura. Ngliwati Boyolali, dalane ciyut peteng tur sepi. Aku mung mlaku ijenan. Lagu kroncong Hetty Koes Endang ngancani lakuku. Ben ora ngantuk daksambi rokokan karo nyetir, Saka spion katon kelap-kelip lampu kedhip sinyal abang. Durung katon mobil apa. Bareng nyalip lagi cetha yen kuwi mobil jenazah.
Lakune mobil jenazah kuwi kaya nuntun lakuku. Yen aku alon mlakune melu alon, yen gas dakpidak dheweke mlayune tambah rikat. Mbuh golek kanca apa pancen sengaja mbeda aku, aku ora ngerti. Mlaku iringan mobil loro wayah ngancik tengah wengi, wayahe sepi dhasare rada grimis, swasanane tintrim. Marga kahanan sing mamring arang simpangan lan prasasat mlaku ijen kejaba karo mobil jenazah kuwi, lampu halogen dakpanjer lampu jauh. Wis ora urusan sopire silo apa ora, sing baku padhang. Mlebu kutha Salatiga udan kaya disuntak deres banget. Lakune mobil saya alon merga dalane lunyu.
Cassete dakganti lagu-lagu lama, senenganku pancen koleksi lagi melankolis. Lagu-lagu pilihan sing kebak kenangan, yen perlu malah ngrekamake. Mlebu wewengkon Tuntang Rawa Pening, udane wiwit mendha malah banjur terang. Lintange siji loro wiwit ngaton, disusul sumilake mendhung. Rembulan sing ngepasi purnama katon sumunar ngegla ing angkasa, nerangi wengi sing sepi mamring. Ora kaya sabene yen aku lelungan menyang Sala, wayah wengi utawa tengah wengi. Wengi iki banget nyenyet. Wiwit metu saka Boyolali aku durung nyalip utawa disalip mobil, saliyane mobil jenazah ing ngarepku kuwi. Anehe saka arah ngarep kena dietung nganggo driji, mobil sing simpangan. Wengi kuwi sing jarene mbakyu ayu sega liwet Sala, malem Jum’at Kliwon.
Mobil jenazah ing ngarepan mlayune dadi rikat banter, wusana wis adoh ninggal aku. Atiku malah ayem timbang barengan montore wong mati. Kreteg ciut Kali Tuntang wis katon ing ngarepku. Ngliwati kreteg kuwi dalane nikung lan nanjak, mlebu wewengkon kebon kopi Assinan. Mripatku dakarahake mandeng nengen, arah pekuburan umum ing pinggiran dalan. Sisih tengen yen saka arah Sala. Wit-witan gedhe ngrembuyung kesorotan purnama. Ing batinku mbokmenawa ana barang nyalawadi, bangsane pocong utawa liyane sing gemantung pang. Mbuh batinku wektu kuwi kok tatag kepengin ketemu bangsane memeden kaya kuwi. Mangka yen diweruhi tenan ya embuh kawusanane.
Mobil Kijang anyar iki mlakune kaya nggawa beban pirang-pirang ton. Mesine nggereng persneling siji. Mangka mobil iki mung kosongan, mentas disetel bengkel mau awan. Nalika mangkat mau playune bisa kanggo balapan. Aneh saiki kaya kabotan narik sanggan. ing kabin ambune wangi kembang. Ing batinku iki wangi kembang kopi, sebab wektu iku wit kopi lagi ngembang. Nalikane aku noleh mengiwa … kaget banget. Ing jok sebelahku wis lungguh kepenak paraga ayu ngore rambut, nganggo rok terusan werna terang. Kesorot lampu mobil sing simpangan.
Paraga kuwi ayune uleng-ulengan. Tikel tekuk katimbang mbakyu ayu bakul sega liwet Slamet Riyadi Sala mau. Lagi iki aku nemoni paraga sing ayune lan pawakane kanthi nilai sanga plus kuwi. Ayu lan ambune wangi kembang kopi.

Paraga ayu kuwi meneng bae, mung nglirik aku karo mesem … dhuh esem kuwi bisa gawe ngengleng. Nanging ana rasa miris ing batinku. Atiku ora kepenak goreh dheg-dhegan, bocah ayu iki munggah saka ngendi? Sebab senajan ngrekasa, mobil iki tetep mlaku. Ora ana swara lawang mobil dibukak, ngerti-ngerti wis lungguh ing sebelahku, nalikane aku ndeleng arah kuburan sisih tengen mau. Mengko gek iki sing disebut … peri alas kopi … Daklirik sikile isih ngambah lantai mobil, ateges iki wong tenan. Dakthuthuki drijiku ing setiran krasa lara … tegese aku isih sadhar. Banjur paraga iki sapa … yen wanita palanyahan, mokal yen saba ing kebon kopi sepi kaya kuwi. Mejeng ing hotel sedhela bae wis bisa nyithak atusan ewon, nganti yutanan. Dheweke mesem ngujiwat maneh …
dhuh Gusti …
Lakune pick up mrambat rendhet banget, swasane tintrim lan kekes, senajan rembulane purnama . Kringetku gemrobyos … arep takon ora wani. Mbaka siji tikungan kebon kopi Assinan dakliwati, ora ana siji-sijia mobil kemliwer. Paraga ayu kuwi lungguhe dadi ora jenak, kaya-kaya jok mobilku akeh pakune, Dheweke saiki noleh marang aku sing lagi ndremimil maca donga. Eseme sing mencutake kuwi saiki malih kaya wong mewek. Praupan sing banget mranani, mau mbaka sethithik lumer leleh kaya lilin. Daging separo rai mblonyok ngemu nanah. Ganda wangi kembang kopi, malih wangi kembang mayit, lan banjur malih ganda banger sing ngenek-eneki. Tangan sing nyekel setir iki ngewel, semono uga sikilku. Nanging dakpeksa teteg lan ndremimil maca donga … Ngancik tikungan lan tanjakan pungkasan cedhak pekuburan Bawen … paraga kuwi ngguyu nyekikik, nanging memper swara tangis. Awak sing separo leleh kuwi, mingsed mbaka sethithik ngadoh nembus kaca mobil. Mabur ngleyang mlebu kuburan peteng.
Awakku adus kringet, rasa wedi nggragap ganti rasa syukur marang Gusti Allah, aku luput saka paekaning lelembut. Atiku tab-taban binarung playune mobil sing saiki entheng kaya disawatake. Ngliwati protelon cedhak pompa bensin SPBU Bawen, mobil dakendhegake parkir sakngarepe bakul kacang ijo lan ketan ireng. Klunuh-klunuh aku melu lungguhan lan pesen wedang kacang ijo, kanggo nambani ati sing trataban keweden. Kringet sakjagung-jagung dakusapi saka bathukku, klambiku teles kebes. Bakule lan wong-wong sing lagi jagongan wedangan, gumun nyawang aku sing krenggosan kaya dioyak celeng. Salah sijine sing wedangan kuwi takon : “Napa njenengan saking Salatiga mas … ?”
Dakcritakake kedadeyan sing mentas dakalami mau, ora ana sing kecicir. Sing ngrungokake manthuk-manthuk, banjur rembugan pating klesik. “Wadhuh … njenengan begja mas, mboten dados tumbale peri Assinan niku. Yen wau njenengan kepincut, napa malih nganti lambangsari … whow bakal manggih bilahi … melu dadi brayat teng kuburan Tuntang napa Bawen ngriku. Contone mpun kathah mobil pribadi, trek napa bis sing nyungsep teng kebon kopi niku, utawi njegur teng Kali Tuntang. Langganane nggih rumah sakit Salatiga utawi Ambarawa. Malah sok langsung mlebet teng kamar mayate. Waah mpun kathah tumbal kesiya-siya perine kebon kopi Assinan …” Saka bakul wedang kacang ijo lan sing padha tuku kuwi, aku banjur ngerti korban-korban sing dumadi ing wewengkon Bawen lan Tuntang.
Lakune pick up dakgawe muter, Semarang wis ora adoh maneh. Watugong, Banyumanik lan Gombel wis kliwatan. Ngliwati Kaliwiru mlebu wewengkon Candi Baru. Wayahe wis lingsir wengi, dalan S. Parman sepi nyenyet. Ngarepake protelon dalan Rinjani (saiki dadi SPBU), atiku bali trataban. Saka arah kiwa gedhong kuna kuwi, nyabrang paraga wadon rok terusan warna terang rambut ireng meles dawa dirembyak. Nyabrang sakepenake tanpa ndeleng kanan kering. Kesorot lampu halogen mobil sing padhang, katon noleh … peri ayu kebon kopi Assinan. Noleh karo mamerake eseme sing ngujiwat, nanging guyune sing nyekikik campur tangis kuwi gawe giris atiku.
Mobil dakrem ngeget, nanging setir tetep dakpantheng. Ngosek muter nanging ora selip. Paraga peri kuwi ngikik gumuyu, nyabrang mlebu gedhong kosong sisih tengen dalan (saiki dadi Kantor Kecamatan Gajahmungkur) . Tangane ngawe-awe raine mblonyoh separo, kanthi ganda banger muleg nduleg. Aku mung bisa mlongo. Upama paraga mau daktabrak, mobilku mesthi nggoling ing tikungan sing ndojog kuwi. Gusti Allah isih mayungi lakuku. Ngedhuni tikungan sakngarepe RS Mata William Booth aku wiwit ngati-ati, awit
sakngarepe kuwi ana kuburan sing kesuwur angker. Nyata wewayangane peri kebon kopi kuwi isih ngetutake lakuku. Ngliwati Tugumuda mlebu wewengkon Bulustalan omahku. Aku nyicil ayem, wis tekan papanku, ora-orane yen peri kuwi nututi aku.
Tekan sakngarepe gang kampungku, lakuku dicandhet kanca-kanca sing lagi wedangan, lan ngrahapi ayam goreng ing warung kawentar gang kuwi. Wis meh parak esuk … aku melu jagongan lan nyritakake lelakonku wengi kuwi. “Mas … ati sampeyan wektu niki mesthine mboten resik, gadhah karep sing rada nalisir. Bangsane kaya niku nyocogi yen onten tiyang sing seneng menceng.” Aku rada klincutan, bakule warung sing mbadhe bener kekarepanku.

kuntilanak


Kreteg Tuntang wis digawe loro kanan kiri, biyen mung siji. Dalan kebon kopi Assinan wis bawera amba, malah wis ana rumah makan lan papan peristirahatane. Nanging nyatane isih akeh kurban-kurban sing dumadi, kecelakaan ing antarane Bawen lan Tuntang. Apa iki merga polah trekahe peri kuwi, apa sebab-sebab teknis, aku ora ngerti. Yen panjenengan kepengin ketemu “Peri kebon kopi Assinan”. mbokmenawa bisa, yen pancen jodho … nanging yen bisa aja nganti. Nuwun *

About these ads

2 thoughts on “Alaming Lelembut

  1. Dulu thn 97,sy sendirian dr Salatiga mau pulang ke Semarang,hbs konsulltasi bikin skripsi sm dosen pembimbing.. Sy sempat hampir kecelakaan dijembatan Tuntang tsb.,,,,kira2 jam .11 mlm kondisi hjn gerimis mau lewat situ dr jauh sy lihat tiba2 jembatan yg tadinya 2 kok keliatan cm 1 doang….perasaan udah gak enak takut ada apa2,mtr ak jalanin pelan2 sambil komat-kamit bc doa….Allahu Akbar,percy atau tdk,tepat kira 50 m sebelum masuk ke jembatan tiba2 jembatan tsb keliatan ada 2 lg….setelah bs melewati jembatan tsb,sy pikir2 teryt jembatan yg hilang dr pandangan sy adlh jembatan yg sebelan kanan kl dr arah salatiga-Smg atau sebelah kiri kl dr arah Semarang-Salatiga….seandainya yg hilang pandangan jembatan yg sebelah kiri dr arah salatiga,dipastikan sy nyungsep ke jurang kecil ditengah2 diantara 2 jembatan tsb atau nyungsep ke kebon2 disebelah kanan jembatan yg dr Salatiga-Semarang….perlu diketahui 2 jembatan tsb jalurnya searah aj,kl dr smg-salatiga pake jembatan yg sebelah kiri,begitu jg sebaliknya….alhamduliah sy selamat sampe dirmh…

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s