Ciri Perempuan Ideal dalam Budaya Jawa

Pamomong

Ciri Perempuan Ideal dalam Budaya Jawa

image

Selalu ada perempuan hebat, di samping laki-laki hebat…”

UNGKAPAN ini laiknya filosofi tentang perempuan menurut budaya Jawa. “Estri”, salah satu terminologi di Jawa untuk menyebut perempuan ini berasal dari bahasa Kawi (estren), yang berarti panjurung atau pendorong.

Hampir sama denga kata “garwo”, berdasarkan etimologi rakyat Jawa, dipresepsikan sebagai “sigaraning nyowo” (belahan jiwa). Perempuan modern mengartikan falsafah Jawa ini untuk menepis anggapan bahwa perempuan dalam budaya Jawa bukan sekedar konco wingking atau pemandu sorak belaka.

Sering juga, istri disimbolkan sebagai “pedharingan” alias periuk. Dahulu, periuk adalah tempat menyimpan beras atau menanak nasi. Ini diartikan sebagai fungsi perempuan untuk menyimpan harta benda yang dicari suami, kemudian mengolahnya untuk kelangsungan hidup keluarga.

Fungsi tersebut tak ubahnya sebagaimana seorang sutradara yang berperan di belakang layar. Dimana seorang istri sangat berpengaruh dalam menentukan keputusan rumah tangga. Lalu, seperti apa ciri perempuan ideal yang selalu diharapkan oleh seorang laki-laki itu? Berikut ciri perempuan ideal yang dikutip dari Serat Candraning Wanita.

1. Mrica Pecah – Butiran Merica yang Pecah
Perempuan dalam kategori ini adalah perempuan yang digambarkan sebagai perempuan dengan badan yang ramping dan padat, dengan kulit putih dan dengan payudara yang montok.

Sifat dari ciri utama perempuan ini adalah kemampuannya yang dengan mudah dapat diterima di berbagai kalangan, tapi sangat rapat menyimpan rahasia. Perempuan seperti ini dikatakan akan membawa kebahagiaan kepada pasangan yang memiliki kedudukan yang tinggi, karena kemampuannya untuk mendampingi suami dalam berbagai kesempatan sekaligus kemampuannya untuk dapat menutup mulut dan menjaga kehormatan sang suami.

2. Surya Sumurup – Matahari Tenggelam

Bagikan semburat jingga di langit ketika mentari tenggelam, perempuan seperti ini membawa keindahan dan menampilkan keindahan yang luar biasa. Tidak hanya indah secara fisik, tapi juga dipercaya akan mampu menjadi kebanggaan pasangan karena kesetiaan luar biasa yang dimilikinya.

Ciri fisik perempuan ini adalah bibirnya yang berwarna merah jambu, dengan sorot mata yang agak kebiruan. Rambut di dahi digambarkan kuncup seperti bunga turi, dan alis perempuan dalam tipe ini digambarkan memiliki alis yang melengkung indah seperti bulan sabit. Bukan hanya secara fisik dan kesetiaan, bahkan digambarkan, perempuan ini sanggup memberikan perlawanan yang berarti dalam urusan pertarungan asmara.

3. Menjangan (atau Macan) Ketawan – Kijang (atau Harimau) Tertawan
Perempuan seperti ini digambarkan memiliki sifat yang siap dan akan selalu memberikan perlawanan yang pas bagi pasangannya, sehingga sang pasangan tidak akan pernah merasa bosan karena bersanding dengan perempuan seperti ini bagaikan petualangan menyenangkan, dan selalu memberikan kejutan yang menarik untuk di selami.

Secara fisik perempuan seperti ini memiliki gambaran wajah yang cerah ceria, mata yang terbuka lebar dan terlihat bersemangat, kulit yang bercahaya, memiliki sifat yang keras, tapi murah hati dan selalu menolong. Fisik perempuan dalam kategori ini tergolong agak besar, walau tidak berarti tegap. Perempuan yang masuk dalam kategori ini adalah perempuan yang tidak mudah tergoda dan mampu memberikan kehangatan kepada pasangannya.

Seringkali seorang perempuan tidak memiliki satu ciri saja, terkadang memiliki beberapa ciri campuran yang menyebabkan setiap perempuan menjadi unik, cantik dan ideal dengan caranya sendiri.

(Diantika PW/CN27)

Sumber:  http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2011/09/08/553/Ciri-Perempuan-Ideal-dalam-Budaya-Jawa

Gunung, Tamsil Kaendahan, lan Kapandhitan

Dening Sendang Mulyana

Gunung, Tamsil Kaendahan, lan Kapandhitan

image

WONG wadon sing sinawang saka adoh katon ayu diarani Sri Gunung. Agung, adhem, lan asri dadi kesan sing tumanjem ing ati. Wong lanang ngendi sing ora bakal kepincut nalika nyawang wong wadon sing kadunungan sipat lan watak agung mrebawani, adhem gawe ati tentrem, lan asri sekar ganda wangi?

Gunung lan kahanan sakiwa-tengene, sing rupa alas, kewan, watu, lan liya-liyane manunggal dadi siji nuwuhake kaprebawan. Nalika ketaman tresna, bisa gandrung nganggo macapat ngemu wangsalan iki:

Nimas ayu ingkang milangoni/ buron arum kang saba ing wana/ yen panggih iba rasane/ sumber gung ngisor gunung/ wreksa langking sisaning geni/ yen lega pinarengna/ pun kakang amanut/ darapon tresnaning manah/ surya ratri wong ayu sun kawulani/ sun adhep saben dina/.

Mula ora mokal yen gunung dadi objek wisata andhalan. Wong-wong sing sumpeg mikir butuh saben dina pengin enggar-enggar sarira, playune menyang gunung. Sugih-mlarat, nom-tuwa munggah gunung. Kaendahan gunung dadi objek wisata sing murah lan sehat.

Emane, kaendahan gratis peparinge Gusti Allah kuwi asring dirusak dening wong-wong sugih lan kuwasa sing murka. Rumangsa duwe dhuwit, gunung dituku, dihaki, kanggo senenge dhewe. Yen ora bisa tuku gunung, saora-orane bisa ngedegake omah gedhong, villa ing dhuwur gunung. Yen akeh wong sugih lan kuwasa padha rebutan gawe villa, laladan sing kanggo enggar-enggar sarira wong-wong pas-pasan dadi kurang. Mangkono kuwi bisa uga ngurangi kaendahan alami.

Ora mung kuwi, akehe wewangunan ing dhuwur gunung, ilange wit-witan gedhe bisa nuwuhake banjir lan longsor. Jaman biyen, wong tuwa wanti-wanti yen wit gedhe ana sing nunggu, mbuh dhemit, danyang, gendruwa, jim, lan titah alus liyane. Dadi, kudu ngati-ati, ora kena sawiyah-wiyah dibabat. Nanging, jaman saiki manungsane ora wedi, ngungkuli lan ngluwihi jim lan dhemit.
Jagat Jejeg
Gunung tumrap wong Jawa ora mung dadi objek wisata. Gunung bisa dadi tetenger mobah-mosiking jagat. Yen ana gunung njeblug, wong-wong banjur padha takon, arep ana kedadean apa? Apa kang bakal linakonan?

Apa maneh yen sing njeblug Gunung Merapi. Sajroning mitos, Gunung Merapi kuwi dadi punjere Pulau Jawa. Kacarita, nalika semana jagat Pulau Jawa miring mangulon jalaran ing perangan kulon ana Gunung Jamurdipo. Supaya jejeg lan seimbang, Dewa Krincingwesi duwe iguh pratikel mindhah gunung kuwi ing satengah-tengahing Pulau Jawa. Nanging, ing papan kono ana empu loro aran Rama lan Permadi sing lagi nedheng-nedhenge nggawe pusaka kanggo tanah Jawa.

Dewa Krincingwesi ngangkon Empu Rama lan Permadi supaya pindhah saka papan kono jalaran arep dibregi gunung. Sang empu kekarone ora maelu parentahe Krincingwesi jalaran rumangsa wis antuk palilah saka Bathara Guru. Pisan-pindho parentahe ora digubris, Krincingwesi duka yayah sinipi, muntab, sabanjure empu loro mau dibregi Gunung Jamurdipo. Rama lan Permadi pralaya ketiban gunung. Gunung Jamurdipo banjur diganti jenenge dadi Gunung Merapi jalaran ing papan kono sakawit wujud perapian kanggo sarana gawe pusaka. Rama lan Permadi sabanjure dadi ratuning titah alus, titah kang tan kasat mata ing laladan Gunung Merapi.

Ing jagat pewayangan, jeneng Rama lan Permadi dudu empu, nanging satria lelananging jagat. Rama sing bisa mbengkas kamurkaning Rahwana ing babon Ramayana, ing Mahabarata Permadi minangka agul-aguling Pandhawa mbengkas Kurawa. Kekarone dadi satriatama njejegake adil lan leres.

Yen ditarik benang merah, paraga-paraga mau padha-padha nglungguhi jejeg, adil, lan leres. Mula, yen Gunung Merapi watuk, nesu, apa maneh nganti muntab, bisa dadi pratandha lan pepeling apa ana kahanan sing durung jejeg, adil, lan leres?

Semono uga gunung-gunung liyane sing kaya-kaya antri arep njeblug. Crita lan mitos sing nglingkupi bisa dadi pepeling tumrap sapa wae. Banjur tuwuh pitakonan, kahanan jejeg, adil, lan leres kuwi magepokan utawa dadi urusane panguwasa, geneya kawula sudra sing rata-rata dadi korban?

Pitakonan sing angel diwangsuli. Serat Kalatidha anggitane Ranggawarsita bisa dadi kaca benggala (bahan refleksi). Ratune ratu utama/ patihe patih linuwih/ pra nayaka tyas raharja/ panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing kalabendu/ malah mangkin andadra/ rubeda kang ngreribedi/ beda-beda hardaning wong sanegara/. Sanajan ratune ratu utama, patihe uga peng-pengan, para nayaka praja uga murih raharjaning negari, nanging kok durung jejeg, adil, lan leres?

Bali marang dhiri pribadi supaya bisa mulat sarira hangrasa wani. Jaman saiki, sing maido lan sing dipaido malah padha-padha dadi tontonan. Ora lucu, nanging malah marakke sirah ngelu!
Papan Mandhita
Gunung sing isih alami bisa dadi papan kanggo reresik jiwa. Yen ratu wis lengser, sabanjure munggah gunung madeg resi, mandhita. Mbomenawa para ratu kuwi rumangsa yen nalika nyepeng panguwasa akeh lepotan perkara sing cengkah karo batine, kapeksa dilakoni jalaran ngemong wong pirang-pirang sing beda-beda hardane. Mandhita, madeg resi, dadi sarana kanggo ngupadi manising pati.

Para resi dadi parang jujugan jejering satria. Para resi dadi wong sing wegig, waskitha, lan wicaksana, jalaran wis ngedohi kadonyan. Para resi kanthi penggalih ingkang wening, bisa nimbang lan nglimbang endi sing jejeg, adil, lan leres. Jejering resi ora bakal turun gunung yen kahanan durung bener-bener kebangeten remuke. Jalaran, pancen ora gampang njejegake adil lan leres.

Apa sing madeg resi kudu dadi ratu luwih dhisik? Apa kudu ngenteni tuwa, sawise jeleh dadi panguwasa lagi mandhita? Apa kawula lumrah ora bisa madeg pandhita?

Tamtune ora kaya ngono. Madeg resi ora kudu ngenteni dadi panguwasa dhsisik. Tur maneh, lepotan perkara lan dosa ora mung cumondhok ing panguwasa, nanging uga kawula lumrah. Manungsa urip, ora idhep panguwasa utawa sudra, kuwi kabeh dununge luput lan lali. Wong cilik sing dosane tumpuk-undhung uga pirang-pirang. Gunung dadi pralambang spiritualitas.

Saliyane dadi panggonan kanggo ngresiki dosa, gunung uga dadi papan mertapa kanggo ngranggeh kasudibyan. Wahyu tumurun, menclok ing jiwanggane wong sing lagi mertapa, uga asring dumunung ing gunung-gunung. Gunung dadi papan kanggo nggembleng dhiri dimen tahan banting, ora cengeng lan ingah-ingih. Pendekar lagi turun gunung yen rumangsa wis cukup bekal kanggo tarung, nguji kepinterane. Tarung sing wigati tamtu ngadhepi urip ing madyaning bebrayan. Wani urip, ora dadi mladehan, benalu, nanging sewalike dadi pribadi sing prigel mrantasi gawe, aweh panguripan.

Nalika rame-ramene suksesi, akeh sesebutan satria:  Satri Kinunjara, Satria Mukti Wibawa, Satria Piningit, lan liya-liyane, salah sijine sebutan Satria Pinandhita Kasinungan Wahyu. Kang pungkasan iki mujudake satria sing jiwane pandhita. Satria, bisa tinegesan panguwasa utawa sarira kang taksih ambyur ing madyaning bebrayan, sing ora nengenake kapentingan dhiri pribadi lan kadonyan, nanging satuhu ngupadi jejeging adil lan leres. Gunung dadi pralambang kawah cadradimukane panggulawenthah kapribaden.

Nanging, yen saiki akeh gunung sing rusak, njeblug, apa kuwi pralambang yen wong-wong sing mertapa wis arang-arang? Apa wong-wong sing ngudi kawegigan, kawaskithan, lan kawicaksanan saya suwe saya sithik? Apa wong-wong sing suka nrabas, ora idhep kawula utawa panguwasa, saya akeh?

(Sendang Mulyana, aktivis budaya manggon ing Semarang /CN27)

Sumber : http://suaramerdeka.com

Coffee Chocolate

Coffee Chocolate

 

Cara terbaik menikmati harumnya kopi dan lezatnya cokelat dalam waktu bersamaan, yummy….’n maknyuzz..!

 

 

 

 

Bahan :

250 ml air
75 gr unsweetened cooking chocolate
100 gr gula pasir
sedikit garam
800 ml susu
2 sdm kopi instan
whipped cream untuk hiasan
cooking chocolate, lelehkan dengan cara di tim

 

Cara membuat :

  1. Campur air, cokelat, gula dan garam
  2. Masak di atas api sedang hingga cokelat leleh. Masukkan kopi dan susu. Rebus hingga hampir mendidih, angkat.
  3. Hidangkan dengan whipped cream dan cokelat leleh.

 

Nikmati bersama kekasih anda tercinta di saat hatinya sedang merasa senang…! :p~

“Love Will Keep Us Alive”

Vocal by : Susan Wong

 

Cafe Latte

Latte merupakan minuman yang mengandung susu. Di beberapa negara Eropa, latte berarti susu. Dan minuman dengan campuran latte akan menghasilkan rasa yang lembut di lidah.

 

 

 

 

Bahan:

2 sdm kopi instan
300 ml susu hangat
125 ml krim kental
3 sdm gula pasir
Es batu, sesuai selera
Coklat keping, potong tipis-tipis
Coklat bubuk untuk taburan

Cara membuat:

  1. Larutkan kopi instan dalam susu, sisihkan hingga dingin.
  2. Masukkan krim kental, gula, dan es batu ke dalam blender. Kemudian  proses hingga gula larut.
  3. Masukkan kopi susu dan cokelat keping ke dalam blender, proses kembali hingga berbuih.
  4. Tuang minuman ke dalam gelas, taburi cokelat bubuk. Sajikan selagi dingin.

Cocok buat anda yg sedang  mendapat respon dingin kekasih di saat hatimu sedang membutuhkannya…!!

“Sometime When We Touch”

Vocal by : Olivia Ong