Sanjata Pamungkas

Ageman

Ing wekdal samangke, ing riki, nggih ing tanah Jawi mriki, sayektosipun kita saweg lelumban ing samadyaning perang ageng, perang lumawan kekiyatan ngedab-ngedabi cacahipun kalih sami asesirah batharakala kinaran Amerikanisasi lan Pan-Arabisme.

Leluhur kita sami, ugi tiyang Jawi. Nalika taksih gesang, leluhur kita tansah angagem ageman Jawi, eyang kakung mustakanipun katutup blangkon, eyang putri rekmanipun kagelung, jangkep kaliyan kondhenipun, ngendika abasa Jawi, remen olah beksan, mirsani Kethoprak lan Wayang Wong, njinglengi Ringgit Wacucal sedalu muput.
Sesawangan kados makaten sapunika sampun awis-awis pinanggih.
Hardisk-ipun tetiyang Jawi sapunika lajeng kagem nggegesang memorinipun sinten? Basa Jawi, kasusastran Jawi, seni budaya Jawi, mitos lan legenda Jawi, dhedhaharan Jawi, joglo Jawi, mindhak dinten sangsaya cures, kagantos Barat lan Arab–tembung kekalih ingkang mungelipun meh memper, kanthi tutuk mangap amba nedya ngemplok sok sintena.

Sultan Agung, Pangeran Diponegoro, Ibu Kita Kartini, boten kagambaraken mawi ageman jas lan dhasi, ugi boten kabuntel rapet rekma ngantos sukunipun, punapa dene rok mini, bokong njenthit, neyeng wesi rekmanipun, kados ingkang tumempel ing warung pecelipun Yu Pariyem lan angkringanipun Kang Paijo. Punapa tetiyang Jawi sami boten ngrumaosi katindhes lan munafik?

Ingkang mutawatiri, ing riki sampun boten wonten malih ingkang naminipun tanggeljawab, amargi sadaya sampun kapasrahaken dhateng Gusti Kang Akarya Jagad. Uleman jam 7.30, rawuhipun meh ngancik jam 21.00 tanpa rumaos salah. Insya’allah kula badhe cidra ing janji.
Babarpisan boten ngrumaosi luput sanadyan sampun nabrak tiyang sepuh lumampah thimik-thimik nedya nyabrang margi, kamangka bangjonipun taksih murub abrit menthor-menthor. Babarpisan boten rumaos klentu dolanan klakson bianter sanget kuping ngantos budheg mirengaken uyel-uyelan rombongan bal-balan ngeyel, punapa dene kampanye mengada-ada Pilkada.

Sangsaya nguwatosaken malih, daya panalaranipun tetiyang Jawi alon-alon waton klakon nedya katumpes cures. Tanpa imajinasi boten badhe wonten ewah-ewahan tumuju dhateng kamajengan. Pangentha-entha kula mugi ing tembe sageda kadumugen gegayuhan anggadhahi media komunikasi sarwa-sarwi abasa Jawi; kalawarti abasa Jawi, penerbit buku-buku abasa Jawi, stasiun tv lan radio abasa Jawi, lsp. Ing wusana namung dipungumujeng ngalor ngidul kaungelaken sarwa ngayawara umuk angedepuk kegedhen empyak kurang cagak. Leres, tuhu nguciwani sanget bilih kawontenan kula sayektosipun pancen makaten, kula namung saged nyuwun angenging pangapunten.

Bung Karno lan Pramudya Ananta Toer nate dipunkunjara panguwaos,
dangunipun matahun-tahun. Nanging ing salebeting pakunjaran kapara
malah saged ngasilaken pangentha-entha ingkang hambalabar kados
benawi gung mawujud ing seratan-seratanipun ingkang sarwa ngedab-
ngedabi. Lajeng kenging punapa sapunika Jawi sangsaya tinilar dening tetiyang Jawi piyambak? Bung Karno lan Pram dipunkunjara badhan wadhagipun, nanging alam pikiranipun bebas. Ing riki, nggih ing tanah Jawi mriki, nggih ngantos dumugi ing wekdal samangke, ingkang ajeg dipunamputasi alam pikiranipun. Keseragaman punika sipatipun nindhes lan amejahi daya panalar.

Kula boten kaparengaken ngentha-entha, ing riki, nggih ing tanah Jawi mriki, tetiyang boten pareng anggadhahi pangentha-entha. Ing riki, nggih ing tanah Jawi mriki, daya panalar mandheg karana kabuntel rapet dening pakem, sampun pisan-pisan mbadal saking paugeran ingkang kaanggep sampun gumathok, sangsi sosialipun trawaca ugi sampun gumathok, estu badhe abot kasanggi sok sintena ingkang kumawantun nerak.

Ing riki, nggih ing tanah Jawi mriki, namung para pinisepuh ingkang anggadhahi panguwaos nemtokaken margi pundi ingkang kedah dipunambah. Para taruna saderma tut wuri handayani. Ngetutaken Kyai Slamet punika piniji luhur lan wicaksana. Boten perlu pados upa piyambak, cekap tumut ambyuk cemet pidak-pinidak ngalap berkah upa satekem saking Gunungan Sekaten ing alun-alun. Jawi cekap kangge papan plesir lan klangenan kemawon. Aja pisan-pisan kumawani adol Jawa ya ngger putuku, cukup adol karcis mlebu lan njaga parkir bae.
Lepen ageng tamtu badhe sangsaya migunani menawi saged kabendhung dados wadhuk kangge ngebahaken turbin listrik, kapara boten tansah was sumelang malih badhe kadadosan wontenipun benawi gung.

Dereng marem anggen kula misuh-misuh, bajigur, jiancuk, naskleng cicing kenceh bli, sampun kasengka dumuginipun ndara-ndara tuwan saking sabrang Kilen lan Wetan Tengah, angusung daya pangaribawanipun ingkang sarwa-sarwi ngedab-ngedabi. Ingkang punika boten namung perkawis hati nurani lan keyakinan pribadi. Ndara kekalih wau sami anggadhahi tuntutan-tuntutan imperial. Anggen kita mawas jagad gumelar kedah kaewahi. Papan-papan sumarenipun para leluhur kita ugi kedah dipunewahi, boten ing tanah Jawi piyambak dunungipun, nanging sampun pindhah dhateng Hollywood lan Mecca.
Sujarahipun tetiyang Jawi kabusek, ginantos dening sujarahipun ndara kekalih wau. Tetiyang Jawi sampun boten mudheng sujarahipun piyambak, nampik dhateng leluhuripun piyambak. Tetiyang Jawi, kanthi sukaparisuka punapa kanthi dipunrudaparipeksa, remen punapa botenkedah ewah dados perangan saking kisah lan sujarah Amerika punapa Arab. Basanipun Inggeris lan Arab. Mempeng lan nyrempeng anggenipun sami nyinau budaya lan basa Inggeris lan Arab, nyingkur dhateng basanipun piyambak. Tetiyang Jawi sami dipunmurtadaken saking Jawinipun, kedah sumingkir saking sedaya ingkang dados gadhahanipun piyambak.

Menawi kadumugen anggenipun ndara kekalih wau nancepaken daya pangaribawanipun ngantos lebet rumasuk rinesep ing kajiwanipun tetiyang Jawi, kawuningana bilih “keberpalingan” punika badhe langgeng gethok-tinular turun-tumurun dhateng putra wayah. Ing tembe wingking, tetiyang Jawi ingkang sampun “terkonversi” punika, ingkang sampun kamurtadaken saking jiwa Jawinipun punika, sagedipun namung nuwuhaken pangentha-entha ngengingi sinten lan punapa ta Jawi punika, memper kaliyan Aborigin ing Autralia, Indian ing Amerika, Melayu ing Singapura, lsp.

Kamangka, ing salebetipun wewengkon ingkang sampun kasil terkonversi, punika gampil sanget pinanggih unsur-unsur neurosis lan nihilisme. Unsur-unsur neurosis lan nihilisme punika ugi saged kapirsanan ing negari-negari kados Pakistan, Iran, Afghanistan,
Mexico, Venezuela, Irlandia, Palestina, lsp. Wewengkon-wewengkon terkonversi punika rawan, gampil dipunkompor- kompori, gampil kobong,gampil kesuruban, nandang penyakit jiwa maneka warni, awrat badhe ngusadani amargi ingkang nandang sakit punika sok boten ngrumaosi bilih piyambakipun saweg nandang sakit.

Kejemipun ndara kekalih wau, Amerikanisani kinemulan globalisasi, saha Pan-Arabisme kinemulan agami, inggih punika namung marengaken wontenipun hegemoni nunggil pranatan, nunggil basa, nunggil sujarah, nunggil seni, budaya, lsp. Wewengkon terkonversi, ing pundi kemawon papan dunungipun, purun boten purun kedah pasrah bongkokan apa jare ndara juragan.

Namung setunggal sanjata pamungkas ingkang saged numpes pepalang wau, tan liya inggih punika “sing tansah eling lan waspada” marang jati dhiri kita piyambak. Mugi kanthi ngugemi piweling lan piwulang titilaranipun leluhur punika wau, kita saged unggul ing salebetipun tumpes tapis palagan ing setra gandamayit lumawan imperalisme anyar paling tanpa kompromi.

Nuwun – Mas Toni / New York, USA

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s