Wuyung

Dening : Tatiek Poerwa

“Aku bingung, yen sedina ora nampa wulangane pak jendro utawa ora bisa nyawang pasuryane atiku kaya gronjalan rasa sing ilang?” pangresahe Tita kang mandeg ana dhadha. Pancen rasa kang tukul kang jiwane bisa diarani aneh, Tita rumangsa yen dheweke isih cilik lagi kelas 2 SMP nanging kena apa wis duwe rasa kaya umume bocah gedhe. Tita rumangsa gela banget yen ing sekolahan ora bisa ketemu pak Jendro, malah Tita bisa ngamuk yen pak Jendro lagi cecaketan karo murid wadon kang ayu, tita wedi kesaing.
Pancen ora mlebu nalar geneya bocah cilik kang umure lagi during genep telulas taun kuwi wis kedanan guru basa inggris ing sekolahane, Tita uga cemburu banget yen nyawang pak Jondro boncengan karo guru matematika bu Isan kang durung suwe ditinggal seda garwane. Nanging titi ora wani crita marang sapa wae yen satemene deweke tresna banget marang pak jendro kang wis kagungan garwa putra kuwi.
“Mbak kaling, aku ngerti yen pak Jendro kuwe duwe anak bojo nanging kena apa ya atiku ora bisa nglaleake?” ukarane Tita mecah sepine wengi. Tita pancen seneng banget marang kaling, wanita kang bisa nampa kabeh uneg-uneg kang ana jero atine Tita, malah nganti bab kang pribadi wae curhat karo kaling.
“Lha, mbok golek pacar sing isih legan wae ta Ta,” kandhane kaling menehi pangerten marang Tita.
“Mbak, aku wis nyoba ora arep mikir pak Jendro nanging aku malah loro adhem panas, terus atiku deg-degan , pokoke aku seneng tenan?” sinambi utak utik tangane dolanan balpoin, Tita kepppingin oleh jawabane kaling.
“Tita, kowe kuwi kleru, piye yen nganti anak bojone ngerti, apa pak Jendro gurumu kuwi tau kandha tresna marang kowe?” kandhane kaling nlesih pye ta tenane ko katone Tita ngoyak banget marang guru basa inggrise.
“Pak Jendro ora tau kandha apa-apa Mbak, nanging deweke apik wae marang aku,” Tita mungsuli kanthi praupan bingung. Sajake Tita uga mbenerake pitakone kaling bab gurune apa nate kandha tresna, yen ora genae atine bisa kaya ngono. Tita tambah bingung maneh, nalika esuk teka ana sekolah krungu kabar yen pak jendro wis pindah sekolahan nanging ora ngerti pindah ana ngendi. Arep yakon guru liyane ora wani lan arep takon kanca-kancane tita rumangsa kleru wedi yen diisin-isin. Mula Tita milih meneng, nanging atine mlayu mrana mrene pingin ngerti ana ngendi sejatine guru basa inggris mau lunga tanpa pepoyan. Tita rumangsa salah marang pak Jendro genae nganti pindahan wae ora gelem pamit kepara malah bisa lungane pak jendro kayadene lungane angina kang ora ana tilase. Mula ora ana papan kanggo curhat kejaba karo Mbak Kaling kang wis dianggep kaya sedulur dewe marang Tita, dadi ora ana rasa jiguh pekewuh yen kepingin crita apa waemarang kaling.
Kurang lewih wis sewulan lungane pak jendro nanging tetep ora ana kabar kang bisa ditampa Tita ana ngendi satemene gurune mau. Kang ditunggu Tita mung kabar saka bapane, sebab bapane tita duwe profesi padha lan kebeneran uga sasekolahan, nanging bapakne uga ora tau ngomongke bab lungane pak Jendro. Tita tambah judge lan bingung, kudu kepiye wong nyatane tetep gronjalan kepingin ngluruana ngendi anggone mapan gurune saiki. Nganti mlakune wektu mung kanggo mikirke guru basa inggrise, tita ora bisa konsen bab pelajaran sekolahe, pikirane luwih akeh kanggo ngulandara mecaki pengangen angen kang during cetha juntrunge. Pangangen-angen endah mbok menawa besuk bisa bebarengan mlaku karo pak jendro, bisa sesandingan wong loro, lan bisa nyuntak rasane kang sasuwene iki kang mung dipendem ana sajerone dhadha. “apa iki ta kang diarani tresna?” pangudarasane Tita ora ana rampunge, saben-saben tansah rumangsa kleru genea ing atine mung ana pak Jendro kang satemene ora kudu mlebu pikirane. Tita tetep puguhu nganti kapan wae bakal nunggu tekane guru basa inggris kang wis cumenthel ati nganti ora gelem ilang saka pangangen-angene iku.
Wektu iki tita wis ngancik kelas 2 SMA, embuh angina apa kang nggawa pak jendro tekan ngomae. Tita blingsatan wedi banget yen nganti bapak ibune ngerteni atine kang sebenere, deweke wis sarwa salah tingkah kanthi tekane pak jendro.
“Ta, genea kowe ora nyalami pak jendro,” kandhane ibune nyedaki tita.
“Nembe nengel damel unjukan, Bu,” wangsulane tita sekecandhake jalaran atine bingung kudu piye ngadepi wong knag sasuwene iki tansah dipkirake.

Bapakne tita saka ruang tamu uga ngundang, “Ta, mrenea disik la wong ana pak Jendro ko malah ndelik ki piye?” suwarane bapakne tita pancen ora ngemu rasa apa-apa, nanging tita rumangsa wedi, dikira bapakne ngerti rasa kang didelikake ana njero atine. Karo nggawa baki isi gelas the sanyamikane, Tita mlebu ruang tamu kang disawang pak Jendro tanpa kedhep, nambai kumesar atine Tita kang pancen pengin ketemu karo tilas gurune mau. Sawise masrahake unjukan Tita ngulungake tangane karo kandha, “kadhos pundhi kabaripun pak?”
Tangane Tita ditampanni pak Jendro sinambi wangsulan, “apik wae Ta, wah kowe saiki wis gedhe tur tambah ayu lho……..?”
Nganti pak Jendro bali ora ana ukara kang satemene ditunggu-tunggu dening tita, semono uga bapak ibune ayem-ayem wae ora crita apa-apa bab pak jendro. Tita tambahi bingung, trus ana apa pak jendro teka ana ngomahe? Dadi tekan wektu iki pancen ora ana kang ngerti yen satemene Tita kuwi wis kedanan marang gurune, kabeh mau kang bisa ngerti atine tita ora liya mung mbak kaling kancane curhat Tita. Muga-muga wae tita cepet nglenggana yen pak Jendro kuwi wis dadi duweke anak lan bojone, lewih becik diwurungake wuyunge!”

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s