Serat Kalatidha

Serat Kalatidha ingkang dipun anggit pujangga agung Raden Ngabehi Ronggowarsito, anggambaraken kawontenan ing jaman mangu-mangu. Umat manungsa tansah mangu-mangu awit kawontenan ing ndoya ingkang mboten wonten pesthenipun, ingkang kaserat ugi minangka jaman edan.

1.
Mangkya darajating praja,
kawurjan wus sunya ruri,
rurah pangrehing ukara,
karana tanpa palupi,
ponang paramengkawi,
kawileting tyas malatkung,
kongas kasudranira,
tidhem tandhaning dumadi,
ardayengrat dening karoban rubeda.

2.
Ratune ratu utama,
patihe patih linuwih,
pra nayaka tyas raharja,
panekare becik-becik,
parandene tan dadi,
paliyasing Kalabendu,
malah sangkin andadra,
rubeda kang ngreribedi,
beda-beda ardane wong sanagara,

3.
Katatangi tangisira,
sira sang paramengkawi,
kawileting tyas duhkita,
kataman ing reh wirangi,
dening upaya sandi,
sumaruna anarawung,
pangimur manuara,
met pamrih melik pakolih,
temah suha ing karsa tanpa weweka,

4.
Dhasar karoban pawarta,
babaratan ujar lamis,
pinudya dadya pangarsa,
wekasan malah kawuri,
yen pinikir sayekti,
pedah apa aneng ngayun,
andhedher kaluputan,
siniraman banyu lali,
lamun tuwuh dadi kakembanging beka.

5.
Ujaring panitisastra,
awawarah asung peling,
ing jaman keneng musibat,
wong ambek jatmika kontit,
mengkono yen niteni,
pedah apa lalawora,
mundhak angraranta ati,
angurbaya ngiketa cariteng kuna,

6.
Keni kinarya darsana
penglimbangan ala lan becik,
sayekti akeh kewala,
lalakon kang dadi tamsil,
masalahing ngaurip,
wahananira tinemu,
temahan anarima,
mupus papasthening takdir,
puluh-puluh anglakoni kaelokan.

7.
Amenangi jaman edan,
ewuh aya ing pambudi,
melu edan nora tahan,
yen tan melu anglakoni,
boya kaduman melik,
kaliren wekasanipun,
dilalah karsa Allah,
begja-begjane kang lali,
luwih begja kang eling lan waspada.

8.
Samono iku bebasan,
padu-padune kepengin,
bener ingkang angarani,
nanging sajroning batin,
sajatine nyamut-nyamut,
wis tuwa arep apa,
nuhung mahasing asepi,
supayantuk parimarmaning Hyang Sukma.

9.
Beda lan kang wus santosa,
kinarilan ing Hyang Widdhi,
satiba malanganeya,
tan susah ngupaya kasil,
saking mangunah prapti,
Pangeran paring pitulung,
marga samaning titah,
rupa sabarang pakolih,
parandene masih taberi iktiyar.

10.
Sakadare linakonan,
mung tumindak mara ati,
angger tan dadi prakara,
karana wirayat muni,
ihtiyar iku yekti,
pamilihe reh rahayu,
sinambi budi daya,
kanthi awas lawan eling,
kang kaesthi antuka parmaning Suksma.

11.
Ya Allah,
kang sipat murah lan asih,
mugi-mugi aparinga,
pitulung ingkang nartani,
ing alam awal akhir,
dumununging gesang ulun,
mangkya sampun awredha,
ing wekasan kadi pundi,
mila mugi wontena pitulung tuwan.

12.
Sageda sabar santosa,
mati sajroning ngaurip,
kalis ing reh aru-ara,
murka angkara sumingkir,
tarlen meleng malatsih,
sanityasa tyas mamasuh,
badharing sapudhendha,
antuk mayar sawatawis,
borong angga suwarga mesi martaya.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s