Tamu Ing Wayah Wengi

(Kajupuk soko Majalah Online Sumringah… .—-)

Wis seminggu iki Pardi ngrasakake ana samubarang kang aneh ing omahe. Saben tengah wengi lawang omahe nyuwara, sajak dithothok wong saka njaba. Nanging saben diparani, ing njaba sepi, ora ana apa-apa. Pardi nggresah, atine bingung. Apa ana tanggane sing arep njarag dheweke? Yen pancen ngono tenan, apa karepe? Wong sasuwene iki Pardi ora rumangsa nate gawe perkara karo sapa-sapa. Nanging yen dudu tanggane, banjur sapa sing saben bengi nothogi lawang omahe iku? Pardi terus ginubel dening werna-werna pitakon. Nanging Pardi ora wani kandha marang sapa-sapa perkara iku. Luwih-luwih marang anake. Dheweke kuwatir yen nganti anake wedi krungu critane.

Neng omah Pardi mung karo anake loro. Sing siji umur pitung taun, saiki kelas siji SD. Wondene sitoke isih umur rong taun. Sedheng Warni, bojone wiwit setaun kepungkur lunga menyang Malaysia dadi TKW. Tenane nalika semana Pardi uga nggondheli, nanging kekarepane Warni wis ora kena dipenggak dening sing lanang. Wiwit iku Pardi nyambut gawe sak anane neng ngomah, sinambi momong anake. Genep telung wulan saka anggone budhal, Warni kirim layang ngenani kabar keslamet ane. Telung wulan candhake maneh Warni kirim dhuwit marang sing lanang, jarene kanggo njagani bocah-bocah yen njaluk jajan. Nanging wiwit kirim dhuwit sepisan iku nganti seprene, Warni durung nate kirim kabar maneh. Pardi nggraita Ian ngira-ira. Ana apa bojone neng paran, dheweke saiki kok rumangsa ora kepenak pikire? Perlambang apa kok lawang omahe saben bengi nyuwara sajak dithothok wong saka njaba? Pardi bingung, bingung, Ian tambah bingung.

Amarga jengkel atine, Pardi njur kepengin ngreti, sapa sejatine sing nothok lawang omahe saben bengi iku. Udakara jam sepuluh bengi, sawise anake turu kabeh, Pardi njangkah alon-alon metu saka omahe. Dheweke ndhedhepi wong sing dianggep kurang ajar iku saka empere mbah Suro sing omahe tunggal pager karo omahe Pardi. Saka empere mbah Suro kono Pardi terus nyawang omahe, tenane ana apa saben bengi kok tansah nyuwara sajak dithothog wong saka njaba.
Saya wengi hawane saya adhem. Pardi durung sumurup anane tandha-tandha aneh ing omahe. Ngancik jam siji bengi keprungu swarane asu mbaung saka kadohan. Githoke Pardi krasa mengkorog. Meh bae Pardi bali mlebu omah. Nanging kekarepane sing kaya mangkono mau dipunggel, jalaran anggone kepengin ngreti sapa sejatine sing nothoki lawange iku durung kasembadan. Pardi mbacutake anggone melekan ijen neng ngempere mbah Suro. Ora watara suwe, Pardi weruh ana kucing telon sing ngglibed neng emper omahe. Kucing mau banjur nyakari lawang omahe Pardi. Kira-kira bae ya kucing iku sing saben bengi gawe swara ing lawang omahe. Kucing mau banjur disawat bata nganti kepiayu dening Pardi.
“Dakkira apa sing saben bengi thothog-thothog lawang omahku. Jebul mung kucing,” grenenge Pardi sinambi mlebu omahe.
Sawise ngancing lawang, Pardi banjur mapan turu ing sandhinge anake. Senajan krasa ngantuk, nanging mripate angel banget dieremake. Dheweke tansah kelingan kucing sing ngglibet neng ngemper omahe mau. Tangga teparone sing duwe ingon-ingon kucing ngono amung nggone pak Kromo Ian nggone pak Parno. Kucinge pak Kromo rupane ireng, wondene kucinge pak Parno rupane abang. Ing mangka Pardi isih kelingan, kucing sing ngglibet neng ngemper omahe mau mujudake kucing telon. Banjur kucinge sapa kae mau? Pardi wiwit nggresah maneh. Kira-kira bae kucing alasan sing saba. Ngono batine Pardi nentremake atine. Pardi banjur mapan turu maneh.

Nanging lagi bae dheweke ngeremake mripat, lawang omahe nyuwara maneh, sajak dithothok wong saka njaba. Pardi ora sranta. Dheweke banjur gumregah tangi, marani arah lawang omahe sing lagi bae nyuwara.
“Sinten nggih sing enten njawi niku?” swarane Pardi sinambi mbukak kancing lawang.
Saka njaba ora ana wangsulan apa-apa. Pardi banjur age-age mbukak lawang. Nanging sawise lawang dibukak, Ing njaba ya ora ana apa-apa. Pardi misuh-misuh jroning batin. Swarane asu mbaung keprungu maneh saut-sautan saka kadohan. Githoke Pardi krasa mengkorog maneh. Dheweke banjur age-age mlebu ngomah. Nanging saiba kagete Pardi bareng sumurup ana pocongan sing ngelus-elus anake kang lagi turu. Pardi banjur thukul kewanene. Dheweke nyandhak kursi, arep dikeprukake marang pocongan kuwi.

“Aja, aku mung kepengin weruh anakmu,” swarane pocongan mau sinambi mubeng-mubeng mundur menyang pojokan.
Awake Pardi krasa gemeter bareng krungu swara sing kaya mangkono mau. Tangane nggregeli, kursi kang diangkat iku banjur diculake. Anehe bareng Pardi ngeculake kursine, pocongan mau uga ilang Ing pojokan kamare. Pikirane Pardi saya ora kepenak. Dheweke isih kelingan, swara sing dirungu mau swara wadon. Banjur sapa sejatine pocongan mau? Apa sebabe kok ngelus-elus anake? Pardi saya bingung. Dheweke bengi iku uga banjur nglumpukake tangga-teparone, saperlu diajak yasinan neng ngomahe.

Senajan anggone yasinan wis rampung, nanging wong-wong ora ndang padha bali. Kabeh padha melekan neng ngomahe Pardi nganti parak esuk. Sawise kedadeyan iku omahe Pardi ora tau dithothok wong saka njaba maneh. Senajan mangkono atine Pardi durung bisa tentrem. Dheweke tansah kelingan wewujudan kang ngelus-elus anake kae.
“Sasampunipun wonten kedadosan menika ngantos sakniki ati kula mboten jenak, Pak. Napa malih, sampun dangu Warni inggih mboten kirim kabar. Kula dados sumelang,” kandhane Pardi menyang maratuwane, nalika wongtuwane Warni iku nyambangi putune.
“Ya nyoba kirima layang menyang bojomu ta, Di. Yen ana apa ta apa kowe ben ngreti,” sambunge maratuwane sinambi nyawang Pardi.

Sidane Pardi nulis layang kanggo bojone sing ana ing Malaysia. Wose mung nakokake kabar keslametan, Ian sing Iuwih penting, Warni supaya enggal mbalesi layang kuwi, samangsa wis tekan papan panggonane. Saben dina kanthi kebak pangarep-arep Pardi ngenteni layang balesan saka Malaysia.
Atine Pardi wiwit goreh maneh, jalaran wis sawatara wektu anggone kirim layang, nanging tetep durung ana balesan. Gek ana apa Warni neng paran? Apa dhayoh sing saben tengah wengi nothoki lawang omahe kae ana sesambungane karo kahanane Warni? Atine Pardi dadi saya ora karukaruwan. Dheweke nguwatirake banget keslametane bojone neng paran.
Atine Pardi dadi trataban nalika pak Kasun menehake layang sing jarene saka Malaysia. Gek apa isine? Pardi banjur mbukak layang, dheweke ora pangling iku tulisane Warni. Atine nyicil ayem, ateges Warni isih urip. Sawise rampung maca layang atine Pardi dadi padhang, jalaran bojone ora ana alangan apa-apa sasuwene nyambut gawe. Malah ing layang iku Warni uga nakokake apa kiriman dhuwit sing dititipake yu Paijah uwis ditampa? Pardi dadi bingung, jalaran sasuwene iki dheweke ora tau nampa kiriman sing dititipake yu Paijah.

Sawise mikir sawatara, Pardi banjur kelingan. Rong wulan kepungkur ana kabar, yen yu Paijah kancane Warni kerja neng Malaysia sing uga isih tangga desa iku wis entek kontrake banjur bali. Nanging neng Jakarta kecelakaan nganti tumekane pati. Ya yu Paijah kuwi sing dititipi dhuwit dening Warni. Yen ngono tamu ing tengah wengi sing ngelus-elus anake biyen kae apa arwahe yu Paijah? Pardi nggagas jroning batin. Ning ana apa kok ndadak niliki anakku? Pitakon iku ora kawangsulan nganti seprene.

Surabaya, Januari 2001

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s