Wayah Surup

surup


LANGITE kari abang jingga, katoning mega sing rerentengan ing langit imbang kulon. Srengenge wis amping-amping gumuk-gumuk sing pating jenggeleg. Senajan gumuk-gumuk isih katon ijo tumuju ngregemeng ireng, nanging dalan ing tengahe perkebunan wis wiwit remeng-remeng. Sastri sing mentas mulih saka kutha Blitar, lagi nuntun anake, mulih menyang omahe sing dununge ing tengah perkebunan. Atine Sastri ayem, awit sawise dadi randha telung taun suwene, saiki ana priya sing lagi ngadhepne dheweke. Diajab priya kuwi bisa ngentas uripe sing tansah kasangsaya manjing ing tengah Perkebunan Jurang Bantheng. Priya sing diwenehi tetenger Rusdi diajab gelem mboyong dheweke menyang padesan. Urip ing padesan diangen-angen Sastri luwih merdika tinimbang ing tengah perkebunan. Awit, omah sing dipanggoni wis duweke dhe-we. Beda karo ing perkebunan sing urip magersari. Wenang manggon ora. wenang ndarbeni.

“Sas, wayah ngene kok lagi mulih?”
Sastri njenggirat. Swara alon sing diapali banget. Dheweke lingak-linguk, kiwa tengen ora ana pawongan babar pi-san. Bareng noleh memburi atine kumesar. “Kang?” tembunge Sastri bebarengan mripate m1olo, kaya ora percaya apa sing lagi diweruhi.
“Saka ngendi, Sas?” pitakone pawongan kuwi sing wis diapali logate.
Bungkusan tas plastik diulungake anake, dheweke enggal nggapyuk wong lanang kuwi. “Aku saka Blitar, Kang. Kang Riman kok ana kene?”
“Iya, saben dina aku ngenteni awakmu liwat kene, nanging ora liwat-liwat. Awakmu saiki sombong banget, Sas. Bareng aku duwe omah anyar, ora tau kok tiliki. Awakmu lali karo aku, ta?”
“Ora ki, Kang. Saiki omahmu ana ngendi?” pitakone Sastri adreng banget.
“Yen ngono Ariawan dijak mampir omahku apa piye?”
“Aja Kang, tiwas ngrusuhi, wis gedhe wae rak wani mulih dhewe! Ayo mampir omah!” Sastri nggeret wong lanang sing diundang Riman. Riman sing sore iku menganggo sarwa peteng kaya sapi digeret keluhe.
“Omahku mrana, lo Sas!” pangajake Riman ganti nuntun tangane Sastri.
Sastri mesem ing regemenge surup, awit kepethuk priya sing dadi kembange ati. Dheweke mung manut sapanuntune Riman.
“Maak! Emak! Ayo mulih!” bengoke, Ariawan nyawang Sastri mlaku mblasak kebun kopi sing ketel. Dheweke wis ora diperduli maneh. Ariawan sing isih kelas siji SD kuwi terus ngundang emake, nanging ora digubris. Bareng emake wis ilang ing petenge wit kopi sing ketel, dheweke nangis ndrenginging bali menyang omahe. Senajan bocah cilik kuwi wis apal dalan menyang omahe, nanging isih nangis nganti teka Kampung Purwodadi. Kampung sing mung dipanggoni ora luwih rong puluh omah, wong ora ana sing perduli tangise Ariawan. Awit meh saben dina Ariawan nangis kaya ngono kuwi. Nanging Pak Pingi sing surup kuwi lagi nongkrong ing gawangan nyawang Ariawan nangis ijen rada gumun.
“Nyangapa nangis dhewe, Wan? Emakmu endi?” pitakone Pak Pingi.
“Emak dicegat bapak, njur dijak lunga …” wangsulane isih sinambi nangis.
“Lho, bapak sapa sing ngajak makmu?” Pak Pingi kaget, banjur neges.
“Ya, bapakku”
“Jenenge sapa?”
“Ya Pak Riman,” wangsulane Ariawan sajak mangkel.
“Pak Riman wis mati, mosok ngajak emakmu?” Pak Pingi sansaya ora ngerti.
“Isih urip, wong niki wau ngejak emakku, kok” Ariawan sansaya gregeten.
“Wah, blai-ane” Pak Pingi enggal nuntun bocah sing mingseg-mingseg mlebu omahe.

“Kene aja mulih dhisik,, mengko yen kepethuk bapakmu kowe dijak pisan”.
Pak Pingi enggal ngundang anake wadon. “Iki Ndhuk, kancanana Ariawan emakmu takundange mulih!” Kandha mengkono Pak Pingi enggal mlangkah metu saka omah gedheg sing mung kuwasa manggon kuwi. Ora suwe wis bengok-bengok ngundang sisihane sing lagi adol umuk ing omahe tanggane sing mung gang rong omah. Bareng sisihane cedhak uga banjur dipasrahi nunggu Ariawan. Bubar kuwi, dheweke ngundang wong-wong lanang sing dadi tanggane.
“Ana apa? Mosok Sastri dijak Riman?” Karman sing diundang keri dhewe ambegane krenggosan sajak ora percaya.
“Njur diajak menyang ngendi, Pak Pingi?” pitakone Parji sing wis siaga ngampluk senter gedhe sing biasane kanggo piket njaga kopi wayah mawohi.
“Lha ya kuwi, jarene Iwan mau dijak mlaku mangetan nyasak kebon kopi,” wangsulane Pak Pingi isih tidha-tidha.
“Kuwi, rak nuju dham papane Riman tiwas biyen,” dadak Jiono cumlemong.
” Hus! Larnbernu aja ngudhal barang lawas. tiwas gawe ginse wong-wong” Mbah Urip nggetak.
“Becilke saiki digoleki bebarengan wae, sapa ngerti awake dhewe enggal nemokne Sastri. Awit iki perkarane Sastri ki dilamar Rusdi saka Desa Sukosewu. Mosok Riman ora nglilani. Pak Pingi enggal mutusake. Pungkasane wong-wong padha gumrudug Iiwat dalan sepecak tumuju dham kali Jari. Sing kamiweden mlaku ing tengah, dene sing kendel dadi cucuke laku. Dham kali Jari sing kanggo wadhuke wedhi saka pereng Gunung Kelud keprungu swara kemrucuke banyu kali ceblok saka papan dhuwur. Disenteri mrana mrene tansah katon sepi.
“Tri, Sastri!” bengoke Jiono sajak ora sungkan karo tintrime wengi ing perenge gunung liyane padha melu undang-undang jenenge Sastri sing dipesthekake dijak Riman menyang Dham Kali Jari.

Bengak-bengok swarane ngumandhang nganti teka adoh, nanging sing diundang ora keprungu semaur.
Sastri sing wis keglandhang sisihane wis lali alam. Sing cumanthel ing pikirane mung Riman sing salawase iki dadi kekasihe Ian dadi sisihane nganti bathi Ariawan. Wong lanang sing tansah dadi gegantilane ati kuwi saiki wis caket karo dheweke. Mlaku turut dalan sapecak sing dirasa kepenak banget. Ora ana sing nggronjal, ora ana sing munggah mudhun. Surup sing maune kari remeng-remeng peteng dadak dadi padhang njingglang, senajan tanpa rembulan Ian tanpa srengenge.

“Kae lo, omahku Sas!” panudinge Riman menyang papan rada adoh. Omah gedhong anyar, temboke cet putih Ian genthenge soklat enom.
“Wah, omahmu apik banget, Kang. Beda banget karo kahanan ing perkebunan, ya?”
“Ah, aja mbandhing-mbandhing ake mundhak ora becik. Upama diakon milih ngono jane aku isih milih turu ing njerone omah gedheg kok Sas. Nanging kepriye maneh .. . ”

Sastri nyawang praupane Riman katon pucet. Sedhih Ian nyuntrut. Dhewelke banjur digeret mlebu omah. Sastri banjur dikekep rapet, Riman nangis sesenggrukan.
“Saben dina aku kangen awakmu Ian Ariawan, nanging angel banget kelakone. Lagi dina iki bisa kepethuk awakmu. Jarene awakmu arep rabi maneh, apa iya?” Riman neges.
Sastri mbenggang rangkulane Riman. Dheweke nyawang landhep marang Riman sing sansaya pucet. “Yen aku bisa kepethulk awakmu saben dina, aku isih bisa mbatalake tembungku, Kang.”
“Ora. Aku wis ora menehi pangupa jiwa awakrnu Ian anakku. Delengen, omahku tansah kothong blong. Arep mangan sepulukan wae rekasa, apamaneh nggolekne pangan wong liya.”
“Llha banjur kepriye, ta Kang?” Sastri mapan lungguh ing kursi sing uga dicet putih.
“Hahhh, aku jane ora rila, nanging aku wis ora duwe kekuwatan apa-apa maneh. Kabeh wis takpasrahne awakmu. Apa sing kokanggep becilk Ian bener, ya lakonana,” Riman nyingkur Sastri sing katon bingung.
“Kang? Njur awakmu kepriye?” genti Sastri sing nangis, mingseg-mingseg.
“Lalekna aku”
“Kang!” Sastri njerit. “Apa aku kudu tega ninggal awakmu, Kang?”
“Tegakna. Awit aku wong lanang sing gluprut dosa. Awakmu sing ora ngerti babarpisan ngenani uripku. Wong kampung Purwocladi nganggep aku wong becilk tanpa cacad. Nanging sing ngerti aku wong ala Ian cilaka mung aku dhewe. Awakmu kepengin ngerti dosa-dosaku, Sas?”, Sastri nyawang Riman sing tansah nyingkir. Wiwitane ma_ ngu-mangu, nanging banjur manggut.
“Nanging yen wis aku crita blaka, awakmu kudu saguh melu dedonga supaya dosa-dosaku bisa dingapura dening Kang Murbeng Dumadi, lo ya!” panantinge Riman.
“Aku saguh, Kang,” swarane Sastri mantep, dheweke menyat banjur ngekep Riman saka mburi. Sastri ngrasakake awake Riman anyep njejep.
“Wis critaa Kang, yen pancen awakmu duwe dosa marang aku, saiki uga dakapura”.
“Awakmu eling sapine bapakrnu sing ilang? Jane sing nuntun aku, banjur takdol menyang molang Garum. Dhuwite taknggo seneng-seneng, tuku bir Ian main kertu. Kuwi jamane aku durung rabi awakmu. Olehku duwe pegaweyan nyolong ora mung pisan kuwi, Sas. Yen dhong arep main dhadhu sing ajeg dibeber mbarengi tontonan aku banjur.ora duwe dhuwit, aku makaping-kaping nyongkel omahe wong liya. Barang-barange pengaji takkuras, banjur takdol menyang tukang-tadhah sing wis dadi langgananku. Pungkasane aku tansah dioyak-oyak wong-wong desaku, senajan wong desaku durung ana sing njurak aku lagi maling, nanging kabeh wis ngerti yen pegaweyanku maling. Mulane aku banjur golek pegaweyan ana kebun, sinambi nyoba tobat saka pegaweyan sing nistha kuwi . . .”

“Yen madon, Kang?”
“Senajan awakmu ngerti nom-nornanku aja nesu,lo ya!” Riman nyoba nanting Sastri mung tumungkul ora wangsulan.
“Yen wayah aku duwe dhuwit akeh, aku bisa turut warung palanyahan. Dene yen aku ora duwe dhuwit aku golek wong wadon sakecandhakku. Sing penting aku bisa ngesok birahiku. Aku tau ……”
“Wis-wis, Kang. Atiku perih krungu critamu perkara wong wadon. Aku sing wis suwe dadi sisihanmu banjur thukul rasa sengitku,” Sastri lungguh sinambi ungkep-ungkep ing lengene tangise sing wis rada mendha bali mingseg-mingseg.
“Sing pungkasan iki ana sambung rapete karo nasibku, Sas. Sing takelingi aku tau mrasawa bocah wadon sing lagi mulih saka nonton dhangdhut ing lapangan. Ora suwe bocah banjur nglalu, jarene merga meteng nganggur. Saben-saben aku eling rupane bocah wadon kuwi, jenenge yen ora luput Marni. Saben-saben aku mlaku ijen Marni ngoyak aku, nanging bareng takgoleki ora ana. Aku rumangsa dosa, nanging aku nganggep kuwi mung angen-angenku wae. Dumadakan wayah surup nalika adus ana pinggir dham, Marni teka nyawang aku kanthi mripat abang kebak pangigit-igit. ” Heemm, saiki teka piwalesku, Man!” Marni ngoyak aku. Aku mundur-mundur kamiweden. Aku ora eling yen dham kae jerone ngububilah, tur ngisor dipasangi watu, aku kumleyang sinambi njerit, Sas…”
“Kangngng?” dumadakan Sastri kamiweden.
“Sas, dosa-dosaku gawe sengsaraku. Mula yen awakku sir omah-omah aku ora bisa ngalang-alangi, nanging dongamu Ian dongane anakku tansah ucapna ben ngenthengake dosa-dosaku, ” pangucape Riman wis kamisesegen.
“Iya-iya, Kang mesthi aku dongakne Kang Riman.”
“Aku wis ora kuwat, Sas. Nalika aku tiba ing dham, sirahku dhisik sing natap watu. Delengen, sirahku pecah. Getihku sumamburat metu pating dlewer. Tulungen aku, Sas. Rasane aku ora kuwat. Tulungen aku, Sas. Kaya ngene iki …… ”
“Kaaangngng! Kang Rimaaan!” bengoke Sastri sarosane, awit saliyane kamiweden nyawang getih dleweran ing sirahe Riman uga rurnangsa welas marang sisihane kuwi.
Wong-wong sing mulih saka dham wis teka ornah. Wis sawetara suwe padha jejagongan ing cakruk ing pinggiran karnpung. Wong-wong kuwi padha umyeg nyritakake Sastri. Ing tengah wengi kuwi lamat-lamat keprungu bengoke Sastri.
“Lho, Iha kae! Kae rak Sastri ngundang Riman.” cluluke Jiono.
“Bener, saka ngendi parane?”
“Kidul kulon.”
“Lho, rak saka kuburan.”
Wong-wong padha pandeng-pandengan ing urube lampu limang watt murup saka jinantra. Wong-wong saya mangu-mangu kanggo jumangkah.
“Wis ayo digoleki bebarengan, mosok wong samene akehe wedi menyang kuburan,” Pak Pingi mutusake. “Kabeh padha nggawa obor ben aja wedi”

Wengi sing maune sepi nyenyet kuwi dipadhangi nganggo obor Ian lampu petromaks sing isih ana. Ora kurang wong limalas padha nglurug menyang kuburan. Ing kuburan sing papane rada mereng menyang pinggir kali, wong kampung nemokake Sastri mengkurep ing kijinge Riman. Sastri semaput dadi royong-royongan digawa mulih menyang ormah.*

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s