Yen Garwa Dadi Mala

Yen Garwa Dadi Mala

Dening : Sucipto Hadi Purnomo

image

BOJO, anak, lan kapara nganti tekan sedulur, kudune dadi kanca kanggo mbangun kulawarga lan njaga praja. Ora mung jiniwit katut, apike salah sijine bakal dadi prayogane kabeh. Nanging kosokbaline, alane salah sijine, bebasan bakal ngglandhang carang saka pucuk.

Sekawit sing diarani bojo iku wong liya. Dudu sanak dudu kadang, nanging bareng wis kaiket dening talining palakrama, sing maune dudu sapa-sapa, banjur dadi peranganing urip sing wigati banget.

Bojo uga diarani sisihan. Tegese sing nyisihi jroning urip ing satengah-tengahe bebrayan agung. Sisihan iku sing melu bareng nyangga bot-karepotaning urip saben dinane. Kanthi sisihan, sesanggan sing maune abot, merga disangga wong loro, banjur dadi entheng.

Ana maneh tembung liyane bojo lan sisihan, yaiku garwa. Sok-sok dikeratabasakake sigaraning nyawa. Diupamakake nyawa siji, yen disigar, sing separo arupa sing lanang lan sing separo maneh sing wadon. Yen mengkono, garwa iku ora mung asiling campuran, nanging arupa persenyawaan.

Mokal bisa senyawa yen ora gathuk, ora keplok. Malah ora mung keplok, garwa uga lumrah disebut jodho. Banjur ana sing ngarani, yen mung golek bojo, ning ngendi wae bisa ketemu. Nanging yen jodho, kuwi wis mlebu wenange Sing Murba Jagad.

Mesthi wae katrangan lan gambaran, klebu kerata basa mau, ana ing tataran ideal. Ideale wong salaki-rabi, ideale wong jejodhoan utawa omah-omah. Dene wohing jejodhoan mau lumrahe arupa turun utawa anak. Ya anak iku sing  kerepe disebut minangka kaskayane wong mbangun bale wisma, luwih aji timbang apa wae, klebu tumpukane raja brana.

Ora kalah karo bojo, tumrap wong tuwa anak mujudake “bandha” sing ora bisa ditaker kerta ajine. Ora bisa dibandhingake apa wae.

Yen garwa iku sigarane nyawa, anak kerep diupamakake minangka “sempalaning daging-kulit”. Dene wong tuwa, tumrap anak, mujudake “sing ngukir jiwa ragane”. Ora kurang pituduh utama sing asung prentah lan pamrayoga amrih padha bisa anggone ngopeni anak utawa turun.

Bojo, yen pancen dudu jodhone, bisa wae pedhot tengah dalan. Senajan wis entuk momongan, ora kurang sing banjur padha pegatan. Akhire dadine tilas bojo utawa tigasan. Nanging yen anak, ora. Ora ana tembung “tilas anak”. Anak tetep anak, senajan bapak lan ibune pepisahan lan duwe sisihan anyar maneh.

Kuwi sing njalari tresnane wong tuwa, mbuh kuwi bapak, embuh kuwi ibu, marang anak akeh-akehe ngluwihi tresnane marang bojo. Keladuke tembung, yen bojone njaluk bisa semaya, nanging yen anake sing njaluk, prasasat sadhet-sanyet bakal nuruti anggere bocahe seneng.

“TANPA ALIS”

Tresna kuwi sing banjur njalari anane “welas tanpa alis”. Pancene mono welas, asih, utawa tresna, nanging lerege mung njlomprongake sing ditresnani.
Upamane, saking tresnane marang anak, kabeh apa penyuwune banjur dituruti. Pancen anak dadi seneng, dadi kelegan. Nanging tundhone bisa wae anak mau banjur dadi bocah ugungan merga sapanjaluke bakal keturutan.

Ora mung dadi bocah ugungan, nanging suwene-suwe bisa wae dadi bocah ugal-ugalan, kepara banjur tumindak sing ora becik lan ngrugekake bebrayan. Semonoa, wong tuwa condhong mbelani anake dhewe. Malah sok-sok ora perduli anake kuwi salah apa bener, dibelani ngono wae.

Sing kaya ngene iki sing diarani welas tanpa alis. Katone tresna, lan pancen sekawit merga saka tresnane, nanging tundhone malah nyilakakake, yen ora malah nyengsarakake bocahe.

Pancen, anak sing kudune bisa melu “mikul dhuwur mendhem jero” marang wong tuwa, sok-sok malah dadi mala tumrap kulawarga. Mala kuwi bakal katon luwi ngegla yen keluwarga mau klebu keluwarga kajen keringan, keluwarga sing kerep didadekake tepa tuladha tumrap keluwarga liyane.

Apamaneh yen “nyolong pethek”. Nyolong pethek ora merga dikira ora bisa apa-apa nanging jebul nduwe kepinteran utawa kewegigan. Nanging “nyolong petheke”-e merga sing diarane bocah apik-apik jebule tumindake banget-banget olehe nalisir saka bebener lan norma bebrayan agung.

Sing kaya mengkono iku ora mung anak sing dadi paragane. Bojo, embuh kuwi sing lanang apa sing wadon, ora kurang-kurang sing malah dadi mala tumrap sisihane, malah nganti tekan keluwargane.

Mangka, kaya kang dikandhakake ing ngarep, kudune bojo kuwi sisihan sing bisa melu ngentheng-enthengake sesanggane urip. Nanging nyatane, ora melu ngentheng-ngenthengake, malah ngebot-boti, malah gawe kuceme kulawarga.

Ana wae bojo sing dadi satru munggwing cangklakan. Dewi Banowati, garwane Duryudana ratu Astina, dianggep dadi “mungsuh jroning kemul” tumrap Kurawa amarga olehe mbidhung api rowang. Tata lair dheweke nresnani Duryudana, ana ing barisane Kurawa, nanging jebule tresna jatine wis kadhung tumancep ing atine Arjuna, panengahe Pandhawa.

Mulane Banowati dianggep minangka mata pitane Pandhawa jroning campuh Baratayuda. Dheweke ngerti karingkihane Kurawa, lan kanthi mengkono bisa nyritakake karingkihan mau tumrap Pandhawa sing mujudake mungsuhe Kurawa.

Tata lair dheweke sedhih nalika Duryudana gugur. Nanging akeh sing ngira manawa ing kono dheweke nemokake kabungahan merga kanthi gugure Duryudana, Banowati banjur dikukup dening Arjuna, dipek bojo.

Kudune pancen bojo mujudake mitratama tumrap sisihane jroning mbangun bale wisma, klebu njaga praja. Njaga praja kuwi kawiwitan, lan sing luwih wigati minangka fondasi, pancen keluwargane dhewe, kulawarga inti. Sabanjure njaga  praja sing luwih amba tebane.

Njaga praja tegese njaga marang jeneng apike, amrih keluwarga mau tansah diajeni dening wong akeh, ora malah diece utawa dicecamah dening wong berah. Bojo bisa dadi srana kanggo mbangun wibawa, perbawa, lan kuncara, nanging kosok baline bisa ngicemake lan dadi mala.

Yen banjur tetela dadi piala, dadi mala, apa ya isih kudu dilabuhi, direwangi pecahing jaja wutahing ludira? Apa ya tetep kudu dirungkebi, senajan mengkone bakal koncatan wibawa lan perbawa?

Mesthi wae yen kurang permati, sisip sembire, mala mau bisa manjilma kayadene “kemladheyan ngajak sempal” utawa “nglandhang carang saka pucuk”. (35)

—Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang

(Sumber : Harian Suara Merdeka 02 Mei 2010)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s