Ibu, Ngrusak Basa Jawa?

IBU iku panutan. Basa ibu uga dadi basa tuntunan. Ibu pancen sing nuntun basane anak sepisanan. Wiwit bocah cenger wis ngajari: “Hakkk… hak, ayo dieleg, mimik dhisik. Sik ya Ibu daksiram, sumuk nggendhong kowe…(lan sapanunggalane) .” Najan ing kahanan ngono bapak uga asring nandangi, ning frekuensine sok akeh ibu. Dadi, ibu pancen lancure basa (Jawa). Jane, uga wenang diarani “pahlawan”.
Kanthi tegen-mugen- rigen, ibu uga duwe naluri tekon (watak): bekti, surti, lan ngati-ati. Iku sing marahi padhanging ati. Watak kasebut, kang bakal didhunake marang anak, kanthi trap-trapane basa lan unggah-ungguh. Mula wiwit bocah tangi turu ibu sing njawani wis nggegulang pratingkah kanthi lagu: “Esuk-esuk srengenge uwis metu/Ibu, nyuwun pangestu keng putra badhe sinau….”

Semar-Bodronoyo

Lagu dolanan iku sepele, ning murade wigati banget kanggo ndhedher budi pekerti luhur. Mligine, njedhule tembung “nyuwun pangestu” iku genah mejang tata krama lan basa kang ganep.

Gareng

Nyuwun, iku traping basa anak marang wong tuwa. Dene pangestu, genah nuduhake pakarti luhur. Wong tuwa iku, kepriye wae duwe uwur-uwur sembur, sembur-sembur adas, siram-siram bayem – sok numusi. Merga, dheweke wis wareg ngulu pedhes asine donya, uga pait-getire kahanan. Menawa gegebengan unggah-ungguh lan tata susila mau ditandur nganti mbalung sungsum marang anak, kiraku konsep ajen-ingajenan, mad-sinamadan, bakal tuwuh ngrembaka. Luwih-luwih yen ing sekolah, bocah uga digladhi sing luwih mateng meneh kanthi lagu: “Siji loro telu, tangane sedheku, mirengake bu guru menawa didangu….”

Petruk

Biasane, bu guru TK sing ngono kuwi. Lagu kuwi uga prasaja. Ning, jerohane kempel kanggo mulang basa lan tata krama. Lire, kanthi tembung tangane (dudu astane, kaya sing kaprah dilagokake kae), genah wis ngajari basa. Tembung mirengake, dudu midhangetke, merga tumrap bocah. Dene bu guru oleh nggunakake tembung “didangu”, ngono sapiturute. Sinau basa nganggo estetika tembang ngono, luwih nges. Ana rasa seni ing atine bocah kang kadudut, kanthi alami. Tur meneh, bab srengen yen pinuju bocah kleru, prayoga dipekak dhisik.

Bagong

Ing sekolah SD, mesthi wae uga perlu dipikirake srana kanggo nggegulang basa lan unggah-ungguhe. Iki wigati, merga “ruh” basa Jawa iku unggah-ungguh. Dene liyane, iku tiba mburi. Kanthi lagu “Dhondhong Apa Salak” upamane, ana gatra kang unine: adhik ndherek Ibu tindak menyang pasar, mengko Ibu mesthi mundhut oleh-oleh kacang karo roti, adhik diparingi”. Wah, lagu iku wis saya muyeg unggah-ungguhe. Tetep ibu punjere lelakon.
Wose, yen adhik marang ibune migunakake tembung “ndherek”, iku mathis banget. Dene ibu marang putrane nggunakake: tindak, mundhut, diparingi – wis trep. Sing sok klera-kleru, ana ibu sing niyate mbasakake awake dhewe, njur ditiru anake. Yen ngene iki, ibune sing goblog. Ngrusak basa Jawa. Mula, yen mbasakake awake dhewe kudu ganep. Yen ibu kok muni: “Ayo siram sik, mengko gek tindak-tindak karo Ibu, Ibu arep tindak arisan nggone Pak RT, ndherek ora?”, wah repot iki. Iku kleru gedhe, merga anak nganggo tembung siram lan tindak-tindak. Becike ukara mau diowahi dadi: “Ayo gek adus/pakpung sik, mengko gek mlaku-mlaku karo Ibu, Ibu arep tindak arisan nggone Pak RT, ndherek ora.”
Yen ngono, jane mung ana 10-20 tembung sing sok mbedakake penganggone bocah karo wong tuwa, bawahan marang atasan. Tembung-tembung mau ngglethek (nyilih istilahe Rama Sindhunata) – biasane gegayutan karo gaweyan sedina-dina, kayata adus, mangan, mangkat, turu, krungu, bali, lan sapanunggalane. Emane, beda-bedane trap-trapan tembung mau sok kanggo mepetake wong Jawa. Wong Jawa sing ora pati dhong, utawa malah wis arep mlayu adoh seka “Jawa”, njur celathu: “Wong Jawa iku feodhal, ora dhemokratis. Banget mbedak-mbedakake umur lan kalungguhan. ” Sumangga!
***

Yudistira-Puntadewa

Ing bebrayan Jawa, kerep keprungu stereotip ibu sing kurang nyenengake. Merga, ibu diwengku kakung. Kakung iku sesotya, ibu dadi embane (wadhah). Persis kaya gagasane RNg Ranggawarsita ing Serat Cemporet, pupuh IX pada 68-69: “awit bangsaning wiryadi, wanodya dadya lelangyan, tan apilih lulurine, janji linangkung ing warna, mimbuhi kawibawan, sampun pangagemanipun para nata sugih garwa//karantenipun pawestri, muhung minangka embanan, wewadhahing sesotya kaot, denten ugering sesotya, atas wonten priya, wanodya bebasanipun, pan swarga nunut kewala”.

Arjuna

Seka tembang asmaradana kasebut, cetha banget dumadi jaman priyayi biyen. Nalika semana, jejere ibu pancen klebu lelangen (kanggo hedhonis). Tur meneh, rupa tetep nomer siji. Yen bisa mengku wanita endah sulistya warna, mungguh wibawane. Njur, yen nganti sesotya mau bisa murca (slingkuh) seka embanan, sing dituding merga wadhahe dianggep logrek. Ana sing ngarani ibu kendho tapihe, iki luwih mbebayani.

werkudoro-Bima

Cekak cukupe, istilah-istilah basa lan budaya sing dibrukake marang ibu pancen becik, ning sok njelehi. Merga, kaya-kaya tugase ibu iku dhomestik (ubeg ing ngomah): umbah-umbah, olah-olah, lumah-lumah, arah-arah, ora bisa tekan publik. Tembung arah-arah ateges mulang, klebu nggladhi basa ibu (Jawa). Yen anak sing diwulang ora nggenah, malah lambene turah, ibu sing dianggep salah. Ibu dianggep ngobrak-abrik unggah-ungguh basa. Ngene iki pancen mulu uler, nylekit. Mula, sebuten wae yen ana sing ngistilahake basa ibu dadi basa kang dinggo padinan. Mlintire rembug, (ing tanah Jawa) pancen ana sing nganggo basa ibu wujud basa Jawa, basa Indonesia, basa China, lan basa Inggris.

Nakulo

Sing dadi masalah, tumrap wong Jawa sing wis ora kejawi. Jawa ning kejawil jawal. Ateges, jawane wis ora ganep – sok nganggep basa Jawa ing kluwarga – wis ora njamani. Wis ora gagah. Luwih-luwih ing sekolahan wis dha basa Indonesia. Dadi, yen neng ngomah dioprak-oprak basa Jawa, genah puyeng bocahe. Iki sing marahi mregelu. Suwalike meneh, ana kluwarga Jawa sing pancen memundhi basa Jawa tulen. Ujare, wedi kuwalat. Njur pathok bangkrong, emoh ngowahi sithik-sithika – unggah-ungguhe kudu ganep. Lan yen nganti penganggone basa ora trep, ibu sing pletiki awu panas.
Pancen, aku nglenggana Ki Padmosusastro ing karyane sesirah Serat Candrasengkala uga pratela: “kukuhing budi dumunung ing priya, asrining solah bawa dumunung ing wanita”. Ateges, jejibahane kakung iku mejang panguliring budi, amrih bocah bisa megar nalare. Dene ibu, tetep ubleg ing solah bawa, muna-muni, tindak-tanduk, lan tata krama. Dadi, yen anak polah bapak sing pradhah. Yen anak ngelu luwe, ibu sing cawe-cawe, ngono?

Ah, ewuh aya temen. Mangka, atiku jane wis suwe ngejak “ngrusak basa Jawa”. Lire, basa Jawa perlu dilaraske. Sing tuwek, ora kudu ngedom kreteg, kaku lan kukuh bakuh. Sing enom, ya ora kudu nglambe amben, waton njeplak. Yen pancen istilah-istilah Jawa kayata kramantara, dayawacaka, paramasastra, purwakanthi guru sastra, lan sapanunggalane wis marahi “PCDS” (pecah endhase), ya digolekake cara liya. Anggepku, akeh banget istilah jaman Antun Suhono lan Padmosoekotjo sing mbuyerake, ora cocok – perlu diinovasi.

Samono uga ibu sing isih dhemen ndongeng kanggo nurokake bocah, perlu wicaksana. Kepriye mbasakake kancil karo macan, amrih daya kritise bocah ora cengkah. Kudu bisa menehi pawadan, geneya kewan siji lan sijine isa basa. Iki perlu dijlentrehake marang anak, yen mung simbol. Glethek pethele, logika kudu main. Yen ora, bisa ngorak-arik basa. Kecap diecret-ecret, tumbar adhuh pedhese – yen ana kecap kang cewet, sing jembar segarane. Rak ya ngono ta, Man Dhoplang?

(Dening : Suwardi Endraswara, dosen sastra lan budaya Jawa ing FBS UNY-86)

4 thoughts on “Ibu, Ngrusak Basa Jawa?

  1. sungguh menarik, jadi ingat pelajaran bahasa daerah yang sudah tidak saya dapat sejak lulus SMP. kayaknya harus buka buku pepak basa jawa lagi🙂

  2. Kula setuju menawi basa Jawi kedah dipun “inovasi”. Nanging sapunika ingkang kaprah ing bebrayan (masyarakat) sampun boten kersa ngagem basa Jawi. Kathah priyantun Jawi ingkang rumaos bombong menawi saged ngagem basa manca. Kala kula dhateng Bali, taksih manggihi “name board (papan nama)” mawi seratan aksara Bali. Sajakipun priyantun Jawi perlu nyonto (nulad) tiyang Bali. Makaten Man Dhoplang ?

    • Wonten Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional 2008 dipun sanjangaken menawi ing 100 tahun pungkasan sampun ical 50 % saking 6.700 basa, mbok menawi penuturipun sampun tilar donya utawi tinggal sak tiyang. Contonipun Basa Kawi nggih sampun mboten wonten penuturipun utawi wonten Maluku Utara saking 49 basa, sampun ical 3 basa. Suwun Mas Sugeng

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s